*KURAWA LAN PANDAWA*
Raden Dhestarastha iku putrane Begawan
Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama Widura.
Raden Dhestarastra krama karo dewi
Gendari. Kagungan putra cacahe satus, ing antarane Duryudana, dursasana,
dursilawati, Durmuka, Durmaganti,Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh
meneh.
Gandheng cacah satus mula diarani Sata
Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya
sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng Raden Destharastra
kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama karo Dewi
Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira
ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena satriya ing Jodipati,sing panengah
Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing waruju kembar aran
Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi
Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan
Durna saka padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo
Raden Destharastra supaya Ngastina besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada
gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang
raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake banjur njaluk
baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora gelem masrahake.
Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa
ngrebut Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani
perang Barathayuda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar